Syiir Suluk Terang-Terang

Ilustrasi

Karya : Muhammad Lutfi

Ditulis pada Jumat (21/6/2019), di Pati Jawa Tengah

Rencang-rencang ayo podo miring sareng
Wonten suluk ingkang aran terang-terang
Koyo dalan wong sing tumuju pengeran
Netepake tauhid, akhlak, lan iman

Podo konco ojo podo serik sereng
Mulo iku mengko gawe ati peteng
Ono kabar kuwi durung mesti bener
Sebab kuwi iso dadi fitnah miber

Gusti allah paring rahmat ingkang agung
Gumandulan pengarepan dateng gusti
Sopo gelem ngaku lepat awak dhewe
Bakal sirno berholo ing jero dodo

Ojo lali amalane ahulussunah wal jamaah
Tawasulan, solawatan, lan dzikiran
Sebab kuwi dadi padange bebrayan
Dalan bungah, selametan, lan raharjo

Dadi alim kudu duwe akhlak lan adab
Marang guru, tiyang sepuh, lan wong liyan
Sebab kui nunjukake peradaban
Sing diwulangke saking nabi Muhammad

Dalan urip ingkang mukti kuwi jujur
Ojo ngasi kebangetan tur keblanjur
Golek dalan panguripan halal berkah
Ora bakal duwe nasib fakir mlarat

Ojo seneng dadi hakim marang liyan
Yen ra biso dadi adil lan tauladan
Sebab hukum ojo digawe dolanan
Sebab kuwi rusake dunyo lan iman

Bab ngilmu kudu barengan syafaat
Ojo lali moco niat lan solawat
Sebab kanjeng nabi gadah nur lan rahman
Kagem tiyang ingkang nyuwun fadhol kabegjan

Kudu gelem sinau lan tetep awas
Pendidikan lan agomo kanti tuntas
Supoyo biso nggayuh wahyu kamulyan
Sebab pinter kui syarate pimpinan

Ojo ngerusak agomo ing tentreme
Kanti musuhan lan atos sapodone
Bab negoro ojo dirusak makmure
Kanti coro ilang kepribadiane

Gusti pengeran dzat kang ingkang moho sugih
Ora bakal entek pangapurane
Ora bakal ilang kawelasane
Kagem umat nabi Muhammad kinasih

Ojo podo buru seneng lan kadohan
Golek ayem ugo eling sangkan paran
Tumindake kudu pantrap ing panggonan
Sodaqoh lan amal dadi pitulungan

Tetep padang dunyo iki ora ilang
Koyo dongo pengarepan terang-terang
Tetep jembar panggonan swargo akhirat
Tetep sabar, eling, syukur ugo ikhlas